Al-Qur'an

Al-Qur'an
Picture by Siti Fatonah

Rabu, 27 November 2013

Bathara Aswan Aswin

Dewa Aswan Aswin iku dewane pengobatan kasektene bisa ngenomake wong kang wis tuwa umure. Ing crita ikibakal digambarake pitulung ngane Bathara Aswan Aswin marang titah ing ngalam donya. Upamayu iku muride resi Ayodya domya.
    Sawijining dina Upamayu di utus angon sapi lan pedhet, anggonne angon disambi anyjejaluk (ngemis), oleh olehanne banyjur dipangan tumindak mangkono ikudi anggep luput dening gurune. Ing resi ngendika yen oleh olehanne anyjejaluk kudu di aturrake gurune. Upamayu manut yen sabanyjurre anyjejaluk entuk kediaturrake gurune lan dhewekke anyjupuk saperangngan dipangan dhewe. Cara mangkono uga dianggep salah dening resi ayodyadomya.
Amarga  sarwa salah Upamayu leren angonne anyjejaluk Manawa ngelih dhewekke ngombe susu sapi sing diengon mau. Tumindak mangkono uga kaanggep salah sebab nyolong tanpa idipalilahe sing duwe. Sarehne wedi yen salah maneh, menawa krasa luwe Upamayu mung andilati umpluk susu sing ana ing lambene pedhet sawise pedhet mau nyusu marang embokke. Bab mangkono iku uga disalahake marang gurune sebab kaanggep gurangi jatahe pedhet.
Kagawa banget tasetyane marang guru, Upamayu ora wani mangan apa apa. Amarga ora kuwat ngampet ngelih, wis pirang pirang dina ora mangan Upamayu mangan godhong arka ( godhong sing ana racune) . sanalika mripatte Upamayu dadi wutam lakune nunak nunuk wasana kacemplung ing luwangan ( jugang ngan ).
Wayah surup sapi lan pedhette bali dhewe. Upamayu ora kathon sang resi kaget banyjur anggolekki ing alas, awit wes wengi lan peteng sang resi mung bengak bengok ngundang Upamayu. Ing sapinggirring luwang ngan sang resi miring sambate Upamayu munggah, lan maneh ora weruh dalan , resi Ayodya domya ngajak Upamayu semedi, nyuwun marang Bathara supaya diparingngi usada/tamba. Bathara Aswan Aswin rawuh, trenyuh marang lalakone  Upamayu, astane Bathara Aswan Aswin banyjur ngusap matane Upamayu, sanalika matane pulih, bisa lan deleng maneh.
Bathara Aswan Aswin banyjur paring dhawuh marang resi Ayodya nomya, Manawa mulang lan ngutus iku kudu sing cetha, ora mung bisa angngluputtake nanging uga kudu bisa ambenerake, sawemah sing diwulang ora nemu cilaka. Marang Upamayu Bathara Aswan Aswin uga paring dhawuh, yen murid iku duwe hak takon marang gurune, yen during ngerti apa sing diprintahake.



tugsKe[lo[mPok\ “*qrAsWn\AsWin\”

pit[kon\
1.    Amarga tumindake kurang ngati-ati,upamayu dadi cilaka. Apa akibate? Tuduhna ana ing paragraph endi!
2.    Tudahna menawa Resi Ayodyanomya kurang cetha anggone mulang! Kudune kepriye?
3.    Manut panemumu, apa hak lan kewajibane:
a.    Murid marang guru?
b.    Guru marang murid
4.    Ana ing crita kepriye wewatakane :
a.    Upamayu
b.    Resi ayodyanomya
c.    Aswan Aswin
5.    Piwulang becik apa kang bisa dijupuk saka crita kasebut?
6.    Miturut panemu saka kelompokmu,kepriye kahanane piwulang ana ing kelas/sekolahmu?
Kepriye sikap/tumindake murid-murid marang para guru?
Kepriye sikap/tumindak/cara mulang para guru marang murid-murid?
w=suln\
1.    Paragraf 4, akibate sanalika mpripate Upamayu dadi wutam lakune nunak-nunuk wasana kecemplung ing jugangan.
2.    Paragraf 2, sawijining dina Upamayu diutus angon sapi lan pedhet, anggone angon disambi anjejaluk(ngemis) oleh--olehane banjur dipangan tumindhak mangkono iku dianggep luput dening gurune. Sang Resi ngendika yen oleh-olehane anjejaluk kudu diaturake gurune.
Resi Ayodyadomyo menawa mulang lan ngutusi iku kudu sing cetha, ora mung bisa angluputake nanging uga kudu bisa ambenerake, sateman sing diwulang ora nemu cilaka.
3.    a.  Hak murid marang guru manut panemu kelompok ku yaiku
•    entuk piwulangan.
•    entuk takon menawa anggone jelaske durung dimangerti murid-murid.
         Kewajibane murid marang guru
•    Ngrungoake menawa di wulang
•    Manut karo apa sing didhawuhi guru
•    Ngajeni marang guru
b. Hak guru marang murid
•    ngei hukuman menawa murid ora ngerjakke tugas
•    ngei tugas marang murid
Kewajibane guru marang murid
•    Ora pilih kasih karo  murid sing pinter 
•    Ngei  penjelasan materi ngasi  muridte mudeng
•    Ngei materi sesuai karo SKL
•    Ora nggunakke kekerasan anggone nyeneni murid (contone: ngaplok,njotos, dll)
4.    Wewatakan
a.    Upamayu        : manut marang piwulang gurune
b.    Resi ayodyadomya    : Perhatian marang muridete
c.    Aswan Aswin    :wicaksana, seneng biyantu, prihatin karo upamayu
5.    Piwulang becik kang bisa di jupuk saka crita kasebut
Murid nduwe hak takon marang guru, kudune pelajaran opo wae sing during cetha tenanan di takokke  dadi seng maune ora ngerti isa ngerti, sing maune salah dadi bener, isin takon kesesat neng kebon
6.    Kahanane piwulangan ana ing kelas/ sekolah kurang efektif, kurang adil
Sikap/ tumindakke murid-murid marang guru sewena-swena. Enek seng ora ngajeni guru uga ana sing nyepelikke gurune
Sikap/tumindak cara mulang para guru marang murid beda-beda amarga gurune ning SMA Tengaran akeh dadi sifate bedo-bedo ana seng mulang penak banget murid isa ngerteni pelajaran ngasi jelas, ana guru sing mulang sedengan murid kadang mudeng kadang ora babar blas, ana guru sing mulang marakke ngantuk babar blas ora mudeng, uga enek guru seng gur mentingke bocah-bocah sing pinter tanpa mikir murid endi sing urung jelas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar